1 Kidung jiyarah.Dhuh Yehuwah, saking jurang ingkang lebetkawula sesambat dhumateng Paduka.
2 Dhuh Pangeran, Paduka mugi karsaa miyarsakaken swanten kawula,Paduka mugi nilingna dhumateng swantening pasambat kawula.
3 Dhuh Yehuwah, manawi Paduka ngenget-enget dhateng durakaning tiyang,dhuh Pangeran, sinten ingkang saged lestantun?
4 Nanging Paduka kagungan pangapunten,supados tiyang sami ajrih-asih dhumateng Paduka.