10 Panjenengane kang nggecak bangsa akeh,sarta nyedani raja-raja kang santosa.
11 Sihon, ratune bangsa Amori,Og, ratu ing nagara Basyan,lan sakehe karajan ing tanah Kanaan,
12 sarta tanahe diparingake dadi tanah-pusaka,tanah-pusaka marang Israel, umate.
13 Dhuh Yehuwah, asma Paduka punika langgeng ing salaminipun.Dhuh Yehuwah, Paduka dipun enget-enget turun-tumurun.
14 Awitdene Sang Yehuwah iku bakal paring kaadilan marang umate,sarta bakal melasi marang para abdine.
15 Brahalane para bangsa iku selaka utawa mas,gaweane tangane manungsa,
16 padha duwe cangkem nanging ora bisa calathu,padha duwe mata, nanging ora bisa ndeleng,