2 He para wong kang padha teka leladi ana ing padalemaning Sang Yehuwah,ing platarane padalemane Allah kita!
3 Padha saosa puji marang Pangeran Yehuwah, awit Pangeran Yehuwah iku becik,asmane padha luhurna kalawan masmur,awit iku endah!
4 Awit Pangeran Yehuwah wus milih Yakub dadi kagungane,Israel dadi kekasihe.
5 Lah aku sumurup, yen Pangeran Yehuwah iku mahaagung,sarta Gusti kita kang ngungkuli sakehing allah.
6 Pangeran Yehuwah nindakake apa kang dadi karsane,ana ing swarga lan ing bumi,ing segara lan ing saindenging samodra agung.
7 Pangeran ndadekake mendhung mumbul saka ing pungkasaning bumi,nitahake bledheg kang mbarengi udan,angin diwetokake saka ing gedhonge.
8 Panjenengane kang mejahi para anak pembarep ing tanah Mesir,manungsa lan kewan,