9 apadene ndhatengake pratandha lan kaelokanana ing satengahmu, he tanah Mesir,nglawan marang Raja Pringon lan sakehing abdine.
10 Panjenengane kang nggecak bangsa akeh,sarta nyedani raja-raja kang santosa.
11 Sihon, ratune bangsa Amori,Og, ratu ing nagara Basyan,lan sakehe karajan ing tanah Kanaan,
12 sarta tanahe diparingake dadi tanah-pusaka,tanah-pusaka marang Israel, umate.
13 Dhuh Yehuwah, asma Paduka punika langgeng ing salaminipun.Dhuh Yehuwah, Paduka dipun enget-enget turun-tumurun.
14 Awitdene Sang Yehuwah iku bakal paring kaadilan marang umate,sarta bakal melasi marang para abdine.
15 Brahalane para bangsa iku selaka utawa mas,gaweane tangane manungsa,