3 Padha saosa puji marang Gustine para gusti,awit langgeng sih-kadarmane.
4 Marang Panjenengane kang nindakake kaelokan gedhe piyambakan,awit langgeng sih-kadarmane.
5 Marang Panjenengane kang nitahake langit kalawan kawicaksanan,awit langgeng sih-kadarmane.
6 Marang Panjenengane kang njereng bumi kadhasaran banyu,awit langgeng sih-kadarmane.
7 Marang Panjenengane kang nitahake barang-barang kang madhangi kang gedhe ing langit,awit langgeng sih-kadarmane.
8 Srengenge kang mengku raina,awit langgeng sih-kadarmane.
9 Sarta rembulan lan lintang-lintang kang mengku ing wayah bengi,awit langgeng sih-kadarmane.