1 Anggitane Prabu Dawud.Paduka badhe kawula puji klayan gumolonging manah,wonten ing ngajengipun para allah kawula badhe ngidung masmur kagem Paduka.
2 Kawula badhe sujud madhep ing padaleman Paduka ingkang suci,saha memuji dhumateng asma Paduka,awit saking sih-kadarman lan kasetyan Paduka,dene asma saha prasetya Paduka, Paduka damel nglangkungi samukawis.
3 Sareng kawula sesambat, Paduka lajeng nyembadani kawula,Paduka mewahi kasantosan wonten ing manah kawula.
4 Dhuh Yehuwah, sakathahipun raja ing bumi badhe sami ngucap sokur dhumateng Paduka,awit sami mirengaken janji saking ing lesan Paduka;
5 sami badhe ngidungaken sapangrehing Sang Yehuwah,awit ageng kamulyaning Pangeran Yehuwah.