5 sami badhe ngidungaken sapangrehing Sang Yehuwah,awit ageng kamulyaning Pangeran Yehuwah.
6 Pangeran Yehuwah iku luhur, ewadene nguningani marang wong asor,sarta kang gumunggung padha dipirsani saka ing kadohan.
7 Manawi kawula wonten ing salebeting karibedan,Paduka ingkang nggesangaken kawula,Paduka ngagagaken asta Paduka dhateng nepsunipun para mengsah kawula,saha kawula kapitulungan ing asta Paduka tengen.
8 Yehuwah badhe ngrampungaken samukawis tumrap ing kawula!Dhuh Yehuwah, sih-kadarman Paduka punika langgeng ing salaminipun.Paduka mugi sampun ngantos nilar pakaryaning asta Paduka.