1 Kanggo lurah pasindhen. Anggitane Prabu Dawud.Wong punggung mosik ing sajroning atine:“Ora ana Allah.”Apa kang dilakoni iku jember lan nistha,ora ana kang nglakoni kabecikan.
2 Saka ing swarga Sang Yehuwah mirsani mangisormarang para anaking manungsa,karsa nguningani apa ana kang kadunungan akal budilan ngupaya Gusti Allah.
3 Wus padha nyimpang kabeh, kabeh wus bejadora ana kang gawe becik, sijia bae ora ana.
4 Apa ora rumangsa kabeh wong kang padha nglakoni piala,kang padha mangsa umatingSun nganti entek kayadene mangan roti bae,lan kang ora nyebut marang Sang Yehuwah?
5 Ana ing kana padha ketaman ing pagiris kang banget,amarga Gusti Allah ana ing satengahe golongane wong mursid.