5 Kawula mulat manengen sarta milang-miling,boten wonten tiyang satunggal kemawon ingkang mreduli dhateng kawula;papan pangungsen kawula sampun ical,boten wonten tiyang satunggal-tunggala ingkang ngupadosi kawula.
6 Dhuh Yehuwah, kawula nyebut dhumateng Paduka,unjuk kawula: “Paduka punika papan pangauban kawula,inggih panduman kawula wonten ing nagarinipun tiyang gesang!”
7 Paduka mugi karsaa nilingaken pasambat kawula,amargi kawula sampun lungkrah sanget,Paduka mugi karsaa nguwalaken kawula saking tiyang ingkang sami ngoyak-oyak kawula,amargi kekiyatanipun nglangkungi kawula.
8 Kawula mugi Paduka luwari saking pakunjaransupados sageda ngalembana asma Paduka.Para tiyang mursid sami badhe ngepang kawula,manawi Paduka nandukaken kadarman dhateng kawula.