1 Masmur anggitane Prabu Dawud.Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa miyarsakaken pandonga kawula,pasambat kawula mugi Paduka tilingaken!Mugi karsaa nyembadani panyuwun kawulaing salebeting kasetyan tuwin kaadilan Paduka!
2 Paduka mugi sampun ngantos prakawisan kaliyan abdi Paduka punika,awit ing antawisipun tiyang gesang boten wonten ingkang pinanggih leres wonten ing ngarsa Paduka.
3 Awitdene satru sampun ngoyak-oyak kawulasarta ngeplekaken nyawa kawula ing siti,nglebetaken kawula dhateng ing pepetengkados tiyang ingkang sampun pejah lami.
4 Nyawa kawula nglentrih lemes wonten ing batos kawula,manah kawula legeg-legeg wonten ing badan kawula.
5 Kawula kengetan dhateng dinten-dinten ing jaman kina,kawula ngraos-ngraosaken dhateng sadaya pakaryan Paduka,kawula manah-manah dhateng pakaryanipun asta Paduka.