9 Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka uwalaken saking satru-satru kawula,kawula ngayom dhumateng Paduka.
10 Kawula mugi Paduka wulang nglampahi karsa Paduka,awit Paduka punika Gusti Allah kawula!Roh Paduka ingkang sae mugi nuntuna lampah kawulawonten ing siti ingkang wradin.
11 Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka gesangaken margi saking asma Paduka,nyawa kawula mugi Paduka entas saking karibedan demi kaadilan Paduka.
12 Satru kawula mugi sami Paduka tumpes demi sih-susetya Paduka,saha sakathahipun tiyang ingkang ngrubedi kawula mugi Paduka sirnakaken,awitdene kawula punika abdi Paduka.