2 kang dadi pangaubanku lan bebetengku,kuthaku kang santosa lan kang ngluwari akutetamengku sarta papan pangungsenku,kang nelukake bangsa-bangsa marang ing pangwasaku!
3 Dhuh Yehuwah, manungsa punika punapa ta, dene kok Paduka gatosaken,punapadene anaking manungsa, dene kok Paduka galih?
4 Manungsa punika sami kados angin,dinten-dintenipun kados wewayangan ingkang lumampah.
5 Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa mentiyungaken langit Paduka,saha lajeng karsaa tumedhak.Paduka mugi karsaa ndumuki redi-redi supados sami ngedalaken kukus.
6 Paduka mugi karsaa mbabitaken kilat sami kabuyarna.Paduka mugi karsaa nglepasaken jemparing Paduka, temahan sami pating bilulung.
7 Paduka mugi karsaa mulungaken asta Paduka saking ing ngaluhur,kawula mugi kauwalna saha kaluwaranasaking bena saking tanganipun para tiyang ngamanca,
8 ingkang cangkemipun ngucapaken dora,sarta ingkang tanganipun tengen punika tangan tengening cidra.