6 Paduka mugi karsaa mbabitaken kilat sami kabuyarna.Paduka mugi karsaa nglepasaken jemparing Paduka, temahan sami pating bilulung.
7 Paduka mugi karsaa mulungaken asta Paduka saking ing ngaluhur,kawula mugi kauwalna saha kaluwaranasaking bena saking tanganipun para tiyang ngamanca,
8 ingkang cangkemipun ngucapaken dora,sarta ingkang tanganipun tengen punika tangan tengening cidra.
9 Dhuh Allah, kawula badhe memuji dhumateng Paduka klayan kekidungan enggal,kawula badhe ngidung masmur kagem Paduka mawi slukat kawat sadasa.
10 Paduka ingkang paring kaunggulan dhumateng para raja,sarta ngluwari Dawud, abdi Paduka.
11 Paduka mugi karsaa ngluwari kawula saking pedhanging bilai,kauwalna saking tanganipun para tiyang ngamanca,ingkang cangkemipun sami ngucapaken dora,tuwin tanganipun tengen punika tangan tengening cidra.
12 Mugi-mugi anak-anak kawula jaler sami dadosa tetaneman,ingkang thukul dados ageng ing nalika enemipun,sarta anak-anak kawula estri sami dadosa saka-saka pojokan,ingkang dipun tatahi kangge yeyasan kraton.