1 Pepujian anggitane Prabu Dawud.Dhuh Allah kawula, dhuh Ratu kawula, Paduka badhe kawula luhuraken,saha badhe tansah memuji asma Paduka ing salaminipun.
2 Saben dinten kawula badhe memuji dhumateng Paduka,saha asma Paduka badhe tansah kawula luhuraken ing salaminipun.
3 Pangeran Yehuwah punika agung sarta sanget pinuji-pujikaluhuranipun punika boten saged jinajagan.
4 Saben turun badhe ngalembana pakaryan Paduka,saha sami badhe nyariyosaken kasantosan Paduka.