14 Pangeran Yehuwah punika dados tetuwak tumrap sakathahipun tiyang ingkang dhawahlan ingkang njejegaken sakathahing tiyang ingkang tumungkul.
15 Sakathahipun mripat sami ngadhang-adhang dhumateng Paduka,lan inggih sami Paduka paringi tedha ing kala mangsanipun.
16 Paduka ingkang ngegaraken asta Paduka,lan kepareng nuwuki sadaya ingkang gesang.
17 Pangeran Yehuwah iku adil ing satindak-tanduke,sarta kebak sih-kadarman ing sapandamele.
18 Pangeran Yehuwah celak karo saben wong kang nyebut marang asmane,lan karo wong kang sesambat marang Panjenengane kalawan setya.
19 Para wong kang ngabekti marang Gusti Allah padha dijurungi kekarepane,dipiyarsakake pasambate banjur padha diluwari.
20 Pangeran Yehuwah ngreksa marang sakabehing wong,kang tresna marang Panjenengane, nanging sakehing wong duraka bakal padha ditumpes.