7 Pengetan tumrap kasaenan Paduka ingkang ageng badhe kaundhangaken dening tiyang-tiyang wau,tuwin badhe sami surak-surak margi saking kaadilan Paduka.
8 Pangeran Yehuwah punika ambek asih sarta welasan,sabar sanget saha ageng sanget sih-kadarmanipun.
9 Kasaenanipun Sang Yehuwah punika nyrambahi tiyang sadayasaha sihrahmatipun ngluberi sadaya ingkang katitahaken dening Panjenenganipun.
10 Dhuh, Yehuwah, sadaya ingkang Paduka titahaken punika sami badhe ngunjukaken panuwun dhumateng Paduka,sarta para kekasih Paduka badhe sami memuji dhumateng Paduka,
11 sami badhe nyuwuraken kamulyaning karajan Paduka,sarta badhe ngrembag kasantosan Paduka,
12 supados para anaking manungsa sami mireng pawartos bab kasantosan Paduka,kaliyan kamulyaning sumorotipun karajan Paduka.
13 Karajan Paduka punika karajan ingkang langgeng,tuwin peprentahan Paduka punika tetep sumrambah dhateng sadaya anak-putu.Pangeran Yehuwah punika setya ing sadhawuhipunlan kebak sih-kadarman tumrap sakathahing pakaryanipun.