1 Haleluya!Dhuh nyawaku, saosa puji marang Pangeran Yehuwah!
2 Aku bakal ngluhurake Sang Yehuwah sajegku urip,Allahku bakal dakpuji kalawan masmur sajrone aku isih ana.
3 Aja kumandel marang para panggedhe,lan marang anaking manungsa kang ora bisa aweh karahayon.
4 Manawa nyawane pecat, banjur bali menyang ing lemah;ing dina iku uga kekarepane sirna.
5 Rahayu wong kang ndarbeni Allahe Rama Yakun minangka pamomonge,kang pengarep-arepe marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe,
6 Panjenengane kang nitahake langit lan bumi,segara lan saisine kabeh,kang tetep setya ing salawase,
7 kang njejegake kaadilan tumrap wong kang padha ditindhes,kang paring pangan marang wong kang padha keluwen,Pangeran Yehuwah ngluwari wong kang padha kinunjara.