7 kang njejegake kaadilan tumrap wong kang padha ditindhes,kang paring pangan marang wong kang padha keluwen,Pangeran Yehuwah ngluwari wong kang padha kinunjara.
8 Pangeran Yehuwah ngelekake mripate para wong wuta,Pangeran Yehuwah njejegake para wong kang tumungkul,Pangeran Yehuwah ngasihi marang para wong mursid.
9 Pangeran Yehuwah ngreksa marang wong ngamanca,bocah lola lan randha padha disantosakake maneh,nanging dalane wong duraka dienggokake.
10 Pangeran Yehuwah iku jumeneng raja ing salawase,Allahmu, he Sion, turun-tumurun.Haleluya!