1 Haleluya!Padha saosa puji marang Pangeran Yehuwah kang ana ing swarga!Padha saosa puji marang Panjenengane kang ana ing ngaluhur!
2 He sakehe malaekate, padha saosa puji marang Panjenengane!He wadya-balane, padha saosa puji marang Panjenengane!
3 He srengenge lan rembulan, padha saosa puji marang Panjenengane!He sakehing lintang kang gumebyar, padha saosa puji marang Panjenengane!
4 He langit kang ngungkuli sakehe langit, padha saosa puji marang Panjenengane!he, banyu kang ana ing sandhuwuring langit!
5 Sakabehe iku padha memujia marang asmaning Yehuwah,amarga Pangeran ngandika, samubarang kabeh banjur padha dumadi.