11 He para raja ing bumi lan sakehing bangsa,para panggedhe lan sakehe peprentahan ing jagad,
12 he para jaka lan para prawan,para wong tuwa lan wong anom!
13 Kabeh iku kareben padha memuji marang asmaning Yehuwah,awit mung asmane kang luhur,kamulyane ngungkuli bumi lan langit.
14 Sungune umate wus kaluhurake,dadi kidung pepujian tumrap sakehing wong kang dikasihi,tumrap wong Israel, umat kang rumaket marang Panjenengane.Haleluya!