5 Sakabehe iku padha memujia marang asmaning Yehuwah,amarga Pangeran ngandika, samubarang kabeh banjur padha dumadi.
6 Pangeran ngadegake sakabehe iku kanggo sabanjure lan ing salawase,sarta netepake paugeran kang ora kena katerak.
7 Padha saosa puji marang Pangeran Yehuwah ana ing bumi,he ula-ula naga lan saindenging samodra agung;
8 he geni lan udan es, salju lan pedhut,angin prahara kang nindakake sabdane;
9 he gunung-gunung lan sakehing tetengger,sakehe karang-kitri lan sakehing wit eres;
10 he para kewan alasan lan sakehing kewan,kewan kang gumremet lan manuk-manuk kang mawa swiwi.
11 He para raja ing bumi lan sakehing bangsa,para panggedhe lan sakehe peprentahan ing jagad,