1 Haleluya!Padha ngrepekna kekidungan anyar kagem Pangeran Yehuwah!Panjenengane saosana puji ana ing pasamuwane para wong mursid.
2 Bangsa Israel cikben bungah-bungah awit saka Gusti Allah, kang nitahake,para anake Sion kareben padha asurak-surak awit saka ratune.
3 Iku kareben padha memuji asmane kalawan jejogedan,sarta kareben padha ngidungake masmur kagem Panjenengane kanthi swaraning terbang lan clempung,
4 awitdene Pangeran Yehuwah karenan marang umate,para wong andhap-asor bakal dimakuthani kalawan karahayon.
5 Para wong mursid kareben padha sukarena sajroning kamulyan,padha surak-surak ana ing paturone.