4 awitdene Pangeran Yehuwah karenan marang umate,para wong andhap-asor bakal dimakuthani kalawan karahayon.
5 Para wong mursid kareben padha sukarena sajroning kamulyan,padha surak-surak ana ing paturone.
6 Kidung panggunggung marang Allah kareben ana ing gorokane,sarta tangane kareben padha sikep pedhang kang landhep kiwa-tengen,
7 kagawe nandukake piwales marang para bangsa,lan kanggo niksa marang para suku bangsa,
8 kanggo mblenggu para ratune kalawan rante,lan para panggedhene kalawan blenggu wesi,
9 kanggo matrapi paukuman marang wong-wong iku kaya kang wus katulisan.Iku kamulyane sakehing para kang dikasihi.Haleluya!