3 Padha saosa puji marang Panjenengane kanthi swaraning kalasangka.Padha saosa puji marang Panjenengane kanthi clempung lan slukat!
4 Padha saosa puji marang Panjenengane kanthi terbang lan jejogedan,padha saosa puji marang Panjenengane kanthi swaraning clempung lan suling!
5 Padha saosa puji marang Panjenengane kanthi kecer kang kumencring,padha saosa puji marang Panjenengane kanthi kecer kang gumenjreng!
6 Kabeh kang ambekan kareben padha saosa puji marang Pangeran Yehuwah!Haleluya!