4 Menggah pandamelanipun tiyang,manut sabda ingkang Paduka pangandikakaken,kawula boten tumut-tumut kaliyan tindakipun tiyang ingkang sami ambek roda-peksa;
5 lampah kawula tetep ndherek ing tindak Padukasaha suku kawula boten sleyoran.
6 Kawula nyebut dhumateng Paduka, amargi Paduka paring wangsulan dhumateng kawula, dhuh Allah;mugi Paduka karsaa nanggapaken talingan Paduka dhateng kawula mugi karsaa miyarsakaken atur kawula.
7 Mugi Paduka karsaa ngatingalaken sih-rahmat Paduka ingkang elok,Paduka ingkang ngluwari tiyang ingkang sami ngungsi dhateng ing pangaubaning asta Paduka ingkang tengenmargi saking wontenipun para ingkang sami mbalela.
8 Mugi kawula Paduka reksa kados maniking mripat,sarta Paduka dhelikaken wonten ing ayoming swiwi Paduka:
9 margi wonten tiyang duraka ingkang sami ngangkah dhateng karisakan kawula,inggih satru bebuyutan ingkang sami ngepang kawula.
10 Tiyang wau sami boten ngatingalaken sih-kawelasan,sami ngumbar kumalungkungipun;