7 Mugi Paduka karsaa ngatingalaken sih-rahmat Paduka ingkang elok,Paduka ingkang ngluwari tiyang ingkang sami ngungsi dhateng ing pangaubaning asta Paduka ingkang tengenmargi saking wontenipun para ingkang sami mbalela.
8 Mugi kawula Paduka reksa kados maniking mripat,sarta Paduka dhelikaken wonten ing ayoming swiwi Paduka:
9 margi wonten tiyang duraka ingkang sami ngangkah dhateng karisakan kawula,inggih satru bebuyutan ingkang sami ngepang kawula.
10 Tiyang wau sami boten ngatingalaken sih-kawelasan,sami ngumbar kumalungkungipun;
11 sami ngetutaken ing lampah-lampah kawula, sapunika sami ngrubung kawula,mripatipun ngangkah badhe ngeplekaken kawula ing bumi.
12 Rupinipun kados singa ingkang badhe ndekep,kados singa nem ingkang ndhekem wonten ing pandhelikan.
13 Dhuh Yehuwah mugi karsaa jumeneng, karsaa methukaken tiyang-tiyang wau saha Paduka rebahaken,Paduka mugi karsaa ngluwari kawula saking tiyang duraka klayan pedhang Paduka.