10 Langit ditiyungake, nuli tumedhak,mendhung nggameng ana ing sangisoring sampeyane.
11 Panjenengane nitih Kerub, banjur maburlan nglayang ana ing swiwining angin.
12 Pepeteng ing sakubenge kadadekake pasingidane,kang dadi tarube:yaiku udah kang peteng lan mendhung kang kandel.
13 Marga saka cahya kang sumunar ing ngarsane mendhunge padha ilangbareng karo udan es lan mawa mengangah.
14 Sang Yehuwah banjur gumludhug ana ing langit,Kang Mahaluhur ngulukake swarane.
15 Jemparing-jemparinge dilepasake temah mungsuhe padha buyar,nlorongake bledheg, satrune padha bingung.
16 Dhasar-dhasaripun seganten lajeng sami katingal,saha tetalesing jagad sami kaungkabanamargi saking bebendu Paduka, dhuh Yehuwah,saha margi saking bantering abab saking grana Paduka.