13 Marga saka cahya kang sumunar ing ngarsane mendhunge padha ilangbareng karo udan es lan mawa mengangah.
14 Sang Yehuwah banjur gumludhug ana ing langit,Kang Mahaluhur ngulukake swarane.
15 Jemparing-jemparinge dilepasake temah mungsuhe padha buyar,nlorongake bledheg, satrune padha bingung.
16 Dhasar-dhasaripun seganten lajeng sami katingal,saha tetalesing jagad sami kaungkabanamargi saking bebendu Paduka, dhuh Yehuwah,saha margi saking bantering abab saking grana Paduka.
17 Panjenengane tumuli mulung astane saka ing ngaluhur,aku banjur diasta,lan kaentasake saka ing banjir.
18 Aku kauwalake saka ingmungsuhku kang rosalan saka ing wong-wong kang padha sengit marang aku,amarga iku kakuwatane ngungkuli aku.
19 Iku wus padha nyegat aku ing nalikane aku lagi kacilakan,nanging Sang Yehuwah dadi pikukuhku;