23 Awit aku nggatekake sakehing angger-anggerelan pranatane ora daklirwakake,
24 saparipolahku tanpa cacad ana ing ngarsane,lan aku tansah ngedohi kaluputan.
25 Mulane aku diwales Sang Yehuwah miturut kabeneranku,iya miturut ing resiking tanganku ana ing ngarsane paningale.
26 Tumrap tiyang ingkang setya Paduka ugi tumindak setya,tumrap tiyang ingkang tanpa cacad Paduka ugi tumindak tanpa cacad.
27 Tumrap tiyang ingkang suci, Paduka inggih tumindak suci,nanging tumraping tiyang para-cidra Paduka inggih tumindak mbulat-mbulet.
28 Amargi bangsa ingkang katindhes Paduka pitulungi,nanging mripat ingkang kumingsun Paduka soraken.
29 Jer Paduka ingkang damel murubing dilah kawula;Sang Yehuwah Allah kawula ingkang madhangaken pepeteng kawula.