26 Tumrap tiyang ingkang setya Paduka ugi tumindak setya,tumrap tiyang ingkang tanpa cacad Paduka ugi tumindak tanpa cacad.
27 Tumrap tiyang ingkang suci, Paduka inggih tumindak suci,nanging tumraping tiyang para-cidra Paduka inggih tumindak mbulat-mbulet.
28 Amargi bangsa ingkang katindhes Paduka pitulungi,nanging mripat ingkang kumingsun Paduka soraken.
29 Jer Paduka ingkang damel murubing dilah kawula;Sang Yehuwah Allah kawula ingkang madhangaken pepeteng kawula.
30 Amargi kaliyan Paduka kawula wantun nanggulangi grombolan,kaliyan Allah kawula, kawula wantun nglumpati balowarti.
31 Anadene Gusti Allah iku margine sampurna;kasagahane Sang Yehuwah iku murni;Gusti Allah dadi tetameng tumrap sakehing wongkang ngayom marang Panjenengane.
32 Amarga sapa ta kang jumeneng Allah aliya Sang Yehuwah,lan sapa kang dadi peparang kejaba Gusti Allah kita?