27 Tumrap tiyang ingkang suci, Paduka inggih tumindak suci,nanging tumraping tiyang para-cidra Paduka inggih tumindak mbulat-mbulet.
28 Amargi bangsa ingkang katindhes Paduka pitulungi,nanging mripat ingkang kumingsun Paduka soraken.
29 Jer Paduka ingkang damel murubing dilah kawula;Sang Yehuwah Allah kawula ingkang madhangaken pepeteng kawula.
30 Amargi kaliyan Paduka kawula wantun nanggulangi grombolan,kaliyan Allah kawula, kawula wantun nglumpati balowarti.
31 Anadene Gusti Allah iku margine sampurna;kasagahane Sang Yehuwah iku murni;Gusti Allah dadi tetameng tumrap sakehing wongkang ngayom marang Panjenengane.
32 Amarga sapa ta kang jumeneng Allah aliya Sang Yehuwah,lan sapa kang dadi peparang kejaba Gusti Allah kita?
33 Gusti Allah, iya Panjenengane iku kang nyabuki aku kalawan karosan,kang ngratakake dalanku;