30 Amargi kaliyan Paduka kawula wantun nanggulangi grombolan,kaliyan Allah kawula, kawula wantun nglumpati balowarti.
31 Anadene Gusti Allah iku margine sampurna;kasagahane Sang Yehuwah iku murni;Gusti Allah dadi tetameng tumrap sakehing wongkang ngayom marang Panjenengane.
32 Amarga sapa ta kang jumeneng Allah aliya Sang Yehuwah,lan sapa kang dadi peparang kejaba Gusti Allah kita?
33 Gusti Allah, iya Panjenengane iku kang nyabuki aku kalawan karosan,kang ngratakake dalanku;
34 kang ndadekake sikilku kaya sikiling menjanganlan ngadegake aku ana ing pagunungan;
35 kang mulang perang tanganku,nganti lengenku bisa menthang gandhewa tembaga.
36 Paduka maringi tetamenging karahayon dhateng kawula,asta tengen Paduka nyanggi kawula,sih-palimirma Paduka damel luhur kawula.