34 kang ndadekake sikilku kaya sikiling menjanganlan ngadegake aku ana ing pagunungan;
35 kang mulang perang tanganku,nganti lengenku bisa menthang gandhewa tembaga.
36 Paduka maringi tetamenging karahayon dhateng kawula,asta tengen Paduka nyanggi kawula,sih-palimirma Paduka damel luhur kawula.
37 Paduka maringi papan ingkang omber dhumateng jangkah kawula,temah polok kawula boten ngantos kesliyo.
38 Mengsah kawula sami kawula oyak, ngantos kecepeng,sarta kawula boten wangsul-wangsul saderengipun tumpes sadaya;
39 inggih sami kawula gebag ngantos boten saged tangi malih,sami ambruk wonten ing sangandhapipun tlapakan kawula.
40 Kawula sampun Paduka sabuki klayan karosan tumrap ing perang;ingkang sami nglawan kawula punika sampun Paduka telukaken wonten ing sangandhaping pangwaos kawula.