42 Sami sesambat nedha tulung, nanging boten wonten ingkang mitulungisami sesambat dhumateng Sang Yehuwah, nanging boten kaparingan wangsulan.
43 Sami kawula ejur-ejur ngantos lembat kados lebu ingkang kabur ing angin,kawula bucal kados blethok ing margi.
44 Paduka sampun nguwalaken kawula saking bebantahaning rakyat;kawula Paduka angkat dados pengagenging para bangsa;bangsa ingkang boten tepang kaliyan kawula punika sami ngabdi dhateng kawula;
45 kupingipun saweg mireng kawula kemawon,lajeng sami mbangun miturut dhumateng kawula;tiyang ngamanca sami sujud lan ngrampek-ngrampek dhateng kawula.
46 Tiyang-tiyang ngamanca sami nglumpruk tanpa bayu,sarta sami medal nilar beteng-betengipun klayan gumeter.
47 Sang Yehuwah gesang! Pinujia peparangku,linuhurna Gusti Allah, Juru Slametku.
48 Gusti Allah kang malesake aku,lan wus nelukake para bangsa marang sangisoring pangwasaku,