43 Sami kawula ejur-ejur ngantos lembat kados lebu ingkang kabur ing angin,kawula bucal kados blethok ing margi.
44 Paduka sampun nguwalaken kawula saking bebantahaning rakyat;kawula Paduka angkat dados pengagenging para bangsa;bangsa ingkang boten tepang kaliyan kawula punika sami ngabdi dhateng kawula;
45 kupingipun saweg mireng kawula kemawon,lajeng sami mbangun miturut dhumateng kawula;tiyang ngamanca sami sujud lan ngrampek-ngrampek dhateng kawula.
46 Tiyang-tiyang ngamanca sami nglumpruk tanpa bayu,sarta sami medal nilar beteng-betengipun klayan gumeter.
47 Sang Yehuwah gesang! Pinujia peparangku,linuhurna Gusti Allah, Juru Slametku.
48 Gusti Allah kang malesake aku,lan wus nelukake para bangsa marang sangisoring pangwasaku,
49 kang wus ngluwari aku saka mungsuhku.Paduka malah sampun ngluhuraken kawula ngungkuli para tiyang ingkang nglawan kawula;kawula Paduka luwari saking tiyang ingkang ambek siya.