2 Para raja ing bumi padha siyaga ing peranglan para panggedhe sakuthonarep ngayoni Sang Yehuwah lan Sang Jebadane, pangucape:
3 “Payo padha medhot dhadhungelan mbuwang kendharate.”
4 Panjenengane kang lenggah ana ing swarga iku gumujeng,Sang Yehuwah moyoki wong-wong mau.
5 Nuli padha didhawuhi kalawan bendulan digirisake kalawan bramantyane:
6 “Ingsun kang wus ngadegake ratuningSunana ing Sion, gunungingSun kang suci.”
7 Aku arep ngandhakake kekancingane Sang Yehuwah;pangandikane marang aku: “Sira iku putraningSun!Ingsun kang mutrakake Sira ing dina iki.
8 Sira nyenyuwuna marang Ingsun,mesthi Sira Sunparingi para bangsa dadi pusakanira,lan pungkasaning bumi dadi darbekira.