6 “Ingsun kang wus ngadegake ratuningSunana ing Sion, gunungingSun kang suci.”
7 Aku arep ngandhakake kekancingane Sang Yehuwah;pangandikane marang aku: “Sira iku putraningSun!Ingsun kang mutrakake Sira ing dina iki.
8 Sira nyenyuwuna marang Ingsun,mesthi Sira Sunparingi para bangsa dadi pusakanira,lan pungkasaning bumi dadi darbekira.
9 Iku bakal Sira ejur kalawan gada wesi,bakal Sira remuk kaya grabahing kundhi.”
10 Mulane, he para raja, padha tumindaka kang wicaksana;para hakim ing bumi, padha ngrungokna marang pepeling!
11 Padha ngabektia marang Sang Yehuwah kanthi pakering;lan sungkemana sampeyane kanthi gumeter,
12 supaya Panjenengane aja paring deduka, temah kowe tumpes ana ing dedalan,amarga bebendune gampang banget anggone mulad-mulad.Rahayu sakehing wong kang ngungsi marang Panjenengane!