7 Saiki aku sumurup yen Sang Yehuwah paring kaunggulan marang kang dijebadi,lan paring wangsulan saka ing swargane kang sucikalawan kamenangan kang gumilang dening astane tengen.
8 Wong iku padha nggunggung karetane lan wong kae nggunggung jarane,nanging aku padha nggunggung asmane Sang Yehuwah Allahku.
9 Wong iku padha ambruk, padha tiba,nanging aku padha ngadeg jejeg.
10 Dhuh Yehuwah, Paduka mugi paring kaunggulan dhateng Sang Prabu!Mugi karsaa paring wangsulan samangsa kawula munjuk!