1 Kanggo lurah pasindhen. Manut lagu: Menjangan wadon ing wayah bangbang wetan. Masmur anggitane Prabu Dawud.
2 Dhuh Allah kawula, Allah kawula, punapaa dene kawula Paduka tegakaken?Kawula munjuk kalayan sora, nanging Paduka tetep tebih saha boten mitulungi kawula.
3 Dhuh Allah kawula, ing wanci siyang kawula sesambat,nanging Paduka boten paring wangsulan,ing wanci dalu makaten ugi, nanging kawula inggih boten tentrem.
4 Mangka Paduka punika Ingkang Mahasuci ingkang lenggahing dhamparing kidung-pangalembananipun Israel.
5 Para leluhur kawula sami kumandel dhumateng Paduka;sami kumandel dhumateng Paduka, nunten Paduka luwari;
6 Paduka ingkang dipun sebut, lajeng Paduka entasaken;sami pitados dhumateng Paduka, lan sami boten kawirangan.
7 Nanging kawula punika cacing, sanes manungsa,dados cacadaning tiyang, cinampahan ing tiyang kathah.