15 Kawula ingesokaken kados toya,sakathahing balung kawula sami pisah saking ros-rosanipun;manah kawula kados lilin,leleh wonten ing batos kawula;
16 kakiyatan kawula garing kados beling,ilat kawula kraket ing cethak kawula,sarta Paduka ingkang nyelehaken kawula wonten ing lebuning pejah.
17 Amargi kawula karubung ing segawon,grombolaning durjana ngepang kawula,sami nyuduki tangan saha suku kawula.
18 Balung-balung kawula saged kawula etang sadaya;tiyang-tiyang sami ningali, sami nyawang kawula.
19 Sandhangan kawula sami dipun dumdum,saha jubah kawula dipun gebag ing dhadhu.
20 Nanging Paduka, dhuh Yehuwah, mugi Paduka sampun nebih saking kawula;dhuh karosan kawula, mugi enggal karsaa mitulungi kawula!
21 Kawula mugi Paduka uwalaken saking pedhang,saha nyawa kawula saking cengkeremaning segawon.