18 Balung-balung kawula saged kawula etang sadaya;tiyang-tiyang sami ningali, sami nyawang kawula.
19 Sandhangan kawula sami dipun dumdum,saha jubah kawula dipun gebag ing dhadhu.
20 Nanging Paduka, dhuh Yehuwah, mugi Paduka sampun nebih saking kawula;dhuh karosan kawula, mugi enggal karsaa mitulungi kawula!
21 Kawula mugi Paduka uwalaken saking pedhang,saha nyawa kawula saking cengkeremaning segawon.
22 Mugi ngluwari kawula saking cangkeming singa,tuwin saking singating bantheng.Paduka sampun paring wangsulan dhumateng kawula!
23 Kawula badhe martosaken asma Paduka dhateng para sadherek kawula,Paduka badhe kawula puji wonten ing tengahipun pasamuwan:
24 he para wong kang ngabekti marang Sang Yehuwah,padha nyaosna puji marang Panjenengane,he sakehing turune Yakub, padha nyaosna urmat marang Panjenengane;he sakehing turune Israel, padha duwea wedi asih marang Panjenengane.