25 Amarga Panjenengane ora mastani asor lan ora jijikmarang kanisthane wong kang katindhes,sarta ora ngaling-alingi wedanane,lan miyarsakake nalikane wong mau sesambat nyuwun tulung marang Panjenengane.
26 Margi saking Paduka kawula memuji-muji wonten ing pasamuwan ingkang ageng;nadar kawula badhe kawula luwari wonten ing ngajengipun para tiyang ingkang sami ngabekti dhumateng Paduka.
27 Wong andhap asor bakal padha mangan nganti wareg,wong kang ngupaya Sang Yehuwah bakal ngalembana Panjenengane;atimu cikben urip ing salawase!
28 Poncot-poncoting bumi bakal eling marang ikulan banjur mratobat marang Sang Yehuwah;Para bangsa turun-tumurun badhe sami sujud nyembah wonten ing ngarsa Paduka.
29 Amarga Sang Yehuwah kang kagungan karaton,Panjenengane kang ngereh bangsa-bangsa.
30 Wong gumedhe ing bumi bakal padha sujud nyembah kabeh marang Panjenengane,para wong kang tumurun ing lebu lan ora bisa nyambung uripe bakal padha jengkeng ana ing ngarsane.
31 Para tedhak-turune padha ngabekti marang Panjenengane,sarta martakake bab Sang Yehuwah marang para turune.