29 Amarga Sang Yehuwah kang kagungan karaton,Panjenengane kang ngereh bangsa-bangsa.
30 Wong gumedhe ing bumi bakal padha sujud nyembah kabeh marang Panjenengane,para wong kang tumurun ing lebu lan ora bisa nyambung uripe bakal padha jengkeng ana ing ngarsane.
31 Para tedhak-turune padha ngabekti marang Panjenengane,sarta martakake bab Sang Yehuwah marang para turune.
32 Iku kabeh bakal padha martakake kaadilanemarang bangsa kang mengko bakal lair,marga iku wus katindakake dening Panjenengane.