9 “Wong sumendhe marang Sang Yehuwah, cikben dientasake ing Panjenengane,cikben Panjenengane kang ngluwari! Wong iku rak dadi renaning panggalihe ta?”
10 Inggih, saestu Paduka ingkang nglairaken kawula saking guwa garba;Paduka ingkang murugaken kawula tentrem wonten ing dhadhanipun biyung kawula.
11 Wiwit lair mila kawula kasaosaken dhumateng Paduka,wiwit nalika kawula wonten ing kandhutaning biyung kawula,Paduka dados Allah kawula.
12 Mugi-mugi Paduka sampun ngantos nebihi kawula,amargi kasisahan sampun celak,mangka boten wonten ingkang mitulungi.
13 Lembu-lembu jaler kathah ingkang sami ngrubung kawula;kawula kinepang ing lembu-lembu jaler saking Basan;
14 anggenipun sami ngangapaken cangkemipun dhateng kawulaprasasat singa ingkang nubruk lan nggero.
15 Kawula ingesokaken kados toya,sakathahing balung kawula sami pisah saking ros-rosanipun;manah kawula kados lilin,leleh wonten ing batos kawula;