2 Dhuh Allah kawula, kawula pitados dhumateng Paduka,mugi kawula sampun ngantos nandhang wirang;mengsah kawula sampun ngantos sami bingah-bingah margi saking kawula.
3 Sayektos, tiyang ingkang ngantos-antos dhumateng Paduka punika, mesthi boten kawirangan;nanging tiyang ingkang nglampahi cidra tanpa sabab punika manggih wirang.
4 Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka paringi sumerep bab margi Paduka,sarta karsaa nedahaken radinan Paduka.
5 Lampah kawula mugi Paduka tuntun wonten ing kaleresan Paduka, lan kawula mugi Paduka wulang,amargi Paduka punika Allah ingkang paring karahayon dhumateng kawula;Paduka ingkang kawula antos-antos sadinten muput.
6 Dhuh Yehuwah, Paduka mugi enget dhateng ing sih-palimirma sarta kadarman Paduka,awit punika sadaya sampun wonten wiwit ing jaman purwa mila.
7 Paduka mugi sampun ngengeti dhateng dosa kawula nalika taksih nemtuwin dhateng duraka kawula,nanging mugi Paduka karsaa enget dhumateng kawula manut sih-kadarman Paduka,margi saking kamirahan Paduka, dhuh Yehuwah.
8 Sang Yehuwah iku becik lan adil,mulane wong kang kesasar padha ditedahi dalan.