1 Anggitane Prabu Dawud.Sang Yehuwah kang dadi pepadhangku lan pamartaku,sapa kang dakwedeni?Sang Yehuwah kang dadi bebetenging uripku,sapa kang marakake aku gumeter?
2 Nalika para durjana padha nempuh marang akuarep mangan dagingku,yaiku sakehing satruku lan mungsuhkubanjur padha kajengklok lan tiba.
3 Sanadyan akeh bala kang padha ngedegake tarub ngepung aku,atiku ora giris,sanadyan tuwuh peperangan,atiku tetep pracaya.
4 Saprakara kang wus daksuwun marang Sang Yehuwah,yaiku kang dakpenginimuga bisa manggon ana ing padalemane Sang Yehuwah ing salawase urip,nyawang kadarmane Sang Yehuwahsarta ngrasakake nikmate ana ing pasucene.