2 Nalika para durjana padha nempuh marang akuarep mangan dagingku,yaiku sakehing satruku lan mungsuhkubanjur padha kajengklok lan tiba.
3 Sanadyan akeh bala kang padha ngedegake tarub ngepung aku,atiku ora giris,sanadyan tuwuh peperangan,atiku tetep pracaya.
4 Saprakara kang wus daksuwun marang Sang Yehuwah,yaiku kang dakpenginimuga bisa manggon ana ing padalemane Sang Yehuwah ing salawase urip,nyawang kadarmane Sang Yehuwahsarta ngrasakake nikmate ana ing pasucene.
5 Sabab Pangeran ngayomi aku ana ing pasanggrahane,manawa ana bebaya;ngaling-alingi aku ana ing papan kang ndhelik ing sajroning tarube.Panjenengane mrenahake aku ana ing sadhuwuring parang.
6 Saiki sirahku jejeg,ngungkuli musuh kang ngepung aku;ana ing tarube aku bakal nyaosake kurban panuwun kanthi surak-surak;aku arep ngidung lan ngrepekake masmur kagem Sang Yehuwah.
7 Dhuh Yehuwah, mugi karsaa miyarsakaken pasambat kawula ingkang kawula unjukaken,mugi Paduka karsaa melasi kawula saha kawula mugi kaparingana wangsulan!
8 Manah kawula ndherek dhumateng pangandika Paduka: “Sira ngupayaa wedananingSun.”Wedana Paduka inggih lajeng kawula upadosi, dhuh Yehuwah.