2 Paduka mugi karsaa miyarsakaken swantening panyuwun kawula,manawi kawula sesambat dhumateng Paduka nyuwun tulung,tuwin njunjung tangan kawulangener dhateng padaleman Paduka ingkang mahasuci.
3 Kawula sampun ngantos Paduka sered sesarengan kaliyan tiyang duraka,utawi ingkang nglampahi awon,ingkang tangkepipun sae dhateng sesaminipun,nanging manahipun kebak piawon.
4 Punika mugi sami Paduka wales satimbang kaliyan pandamelipun,saha manut pratingkahipun ingkang awon;mugi Paduka ganjar laras kaliyan pakartining tanganipunsarta kadhawahana piwales punapa ingkang katindakaken punika.
5 Amarga padha ora nggatekake marang pakaryaning Yehuwah,sarta apa kang katindakake dening astane,mulane bakal padha katibakakelan ora ditangekake maneh.
6 Pinujia Sang Yehuwah, awit wus miyarsakakeswaraning pasambatku.
7 Sang Yehuwah iku kakuwatanku lan tetamengku,atiku kumandel marang Panjenengane.Aku wus kapitulungan, mulane atiku bungah-bungah,sarta aku ngunjukake panuwunmarang Panjenengane kalawan kekidungan.
8 Sang Yehuwah iku dadi kasantosaning umate,Panjenengane dadi beteng karahayon tumrap wong kang dijebadi!