1 Masmur anggitane Sang Prabu Dawud, nalika keplajeng saka ing ngarsane kang putra Pangeran Absalom.
2 Dhuh Yehuwah, pinten-pinten satru kawula,kathah tiyang ingkang nglawan kawula;
3 kathah tiyang ingkang mungel tumrap kawula makaten:“Iku mesthi ora oleh pitulungan saka Gusti Allah.” (Selah)
4 Nanging Paduka, dhuh Yehuwah, ingkang dados tetameng kawula, ingkang ngaling-alingi kawula,Paduka ingkang dados kaluhuran kawula, inggih ingkang ndengengekaken sirah kawula.