5 Kalawan sora anggonku nyebut marang Sang Yehuwah,banjur diparingi wangsulan saka ing gununge kang suci. (Selah)
6 Aku leyeh-leyeh banjur turu;aku tangi, amarga disantosakake dening Sang Yehuwah.
7 Aku ora wedi marang bala leksan,kang arep ngepung aku.
8 Dhuh Yehuwah, kawula aturi jumeneng mitulungi kawula, dhuh Allah kawula,amargi Paduka ingkang sampun nggepuk uwanging sakathahipun mengsah kawula,saha tiyang duraka sami Paduka rampalaken untunipun.
9 Pitulungan punika dhatengipun saking Sang Yehuwah,berkah Paduka rumentaha ing umat Paduka. (Selah)